Sabtu, 24 September 2011

PARIBASAN JAWI


Adigang, adigung, adiguna - Ngandelaké kakuwatané, kaluhurané, lan kapinterané.

Bathok bolu isi madu - Wong asor nanging sugih kapinteran.

Becik ketitik ala ketara - becik lan ala bakalan ketara ing mburiné

Dhemit ora ndulit, setan ora doyan - Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi

Emban cindhé emban siladan - Pilih kasih ora adil

Enggon welut didoli udhet - Panggoné wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa

Gupak puluté ora mangan nangkané - Mélu rekasa nanging ora mélu ngarakaké kepénaké

Jer Basuki mawa béa - Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat

Kacang ora ninggal lanjaran - Anak niru wong tuwané

Kaya banyu karo lenga - Wong kang ora bisa rukun

Kebo nusu gudél - wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom

Kegedhen empyak kurang cagak - Kegedhén kakarepan nanging kurang sembada

Kuthuk marani sunduk - Ula marani gepuk - Marani bebaya

Maju tatu mundur ajur - Prakara kang sarwa pakéwuh

Nabok Nyilih tangan - Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya

Pupur sakdurungé benjut - Ngati ati mumpung durung cilaka

Sapa Sing salah bakal séléh - Sapa sing salah bakal konangan

Tumbak cucukan - Wong kang seneng adu-adu

Tulung Menthung - ditulungi malah ngrusuhi

Wiwit kuncung nganti gelung - Wiwit cilik nganti tuwa

Yuyu rumpung mbarong rongé - Omahé magrong2 nanging sejatiné mlarat

Anak polah bapa kepradhah : Wong tuwo nemu ribed amarga polahe anak

Andhang andhang tetesing embun : Njagakake barang mung saolehe bae

Ancik ancik pucuking eri : Wong kang tansah sumelang yen kaluputan

Bathok bolu isi madu : Wong asor nanging sugih kapinteran

Bebek mungsuh mliwis : Wong pinter mungsuh wong pinter

Bubuk oleh leng : Duwe niyat ala oleh dalan

Cebol nggayuh lintang : Duwe kekarepan sing mokal bakal kelakon

Cecak nguntal empyak : Gegayuhan sing ora timbang karo kekuatane

Cedhak celeng boloten : Cedhak karo wong ala njalari katut ala

Desa mawa cara,negara mawa tata : Saben panggonan duweni pengadatan dhewe dhewe

Diwenehi ati ngrogoh rempela : Diwenehi sathithik nyuwun sing akeh

Dudu berase ditempurake : Nyambung guneme liyan nanging ora gathuk

Emprit ambuntut bedhug : Prakara sepele dadi gedhe

Endhas gundhul dikepeti : Wis kepenak ditambahi luwih kepenak maneh

Esuk dhele sore tempe : Ora manteban ati ( mencla mencle )

Gajah alingan suket teki : Lair karo batine beda banget,mesti bakal ketara

Golek uceng kelangan dheleg : Golek sathithik malah kelangan sing akeh

Gupak pulute ora mangan nangkane : Melu rekasane ora melu kepenake

Iwak klebu ing wuwu : Kena apus kanthi gampang banget

Idu didilat maneh : Njabel gunem sing wis kawetu

Jarit luwas ing sampiran : Wong duwe kapinteran nanging ora digunakake

Jati ketlusuban ruyung : Golongane wong becik kelebon wong ala

Jer basuki mawa beya : Kabeh gegayuhan butuh wragad

Tidak ada komentar:

Posting Komentar